Pengantar penulis

Menulis itu berat, biar aku saja yang melakukannya. Kalian tinggal baca aja :)

Oh iyo yo, ngesok ki tanggal 25 Desember, Natalan yo mblo.. Koe rep neng ndi mblo nek Natalan, ndelok Doraemon po koyo biasane. Yo maklum wae, rep ngejak metu yo-an paling karo lanangan..hehehe. Ki mesti neng media sosial do geger-gegeren perkoro ngucapke “selamat natal”. aku wingi yo krungu berita iku soko ustad pelix sio. Yo dimaklumilah mblo, jenenge wae pendapat, hasil olehe ijtihad. Jare mbah yai kan, ijtihad kui nek bener entuk ganjaran loro, nek salah entuk ganjaran siji. ketok e sih ngono. nek salah yo koreksi ae..

Tapi aku nang kene ora ape bahas hukum mblo, mundak diarani wong ngerti hukum, terus statusku di “like” wong akeh, aku moh. sebab nek bahas hukum ki warna-warni cacahe. Mergo horizon pengetahuan wong ki yo bedo-bedo. Bahkan mblo, imam Syafi’i wae nduwe qoul qadim-mbi qoul jadid.  mesti koe rep takon, nek ngono imam Syafi’i inkonsisten? yo tergantung cara pandang jugak. nek dingeti sekilas sih iyo, tapi nek menurutku malah ora sih, mergo pendapat iku sesuai konteks-e. sikon-e koyo opo.

Contoh cilik e wae, aku biyen ki pas neng sekolah ono guruku, saumpamane aku ngantuk opo kudu nguyuh, terus kan ijin metu nang kamar mandi, nalika nek ape melbu kelas meneh, kan yo apik e ngucapke salam sih mblo. Tapi, ono jugak guruku sing gak seneng bocah pas melbu ki ndadak salam barang, sebab, iso ganggu guruku mau sing lagi mulang kitab. Tapi, yo ono jugak sing koe ora ngucapke salam, malah diwelingke. Kui contoh kecile.

Dadi nek kowe bahas hukum ki kudu ngerti keadaane mblo. Kudu cerdas leh moco situasi. Balik meneh neng masalah Natal, kenopo wong Islam ki mesti geger-gegeran babakalan kui? koe yo opo pernah krungu Budhiisasi, Hinduisasi, opo Tionghoanisasi, mblo. Sing sering mok rungu  kan mesti “Kristenisasi”. koyo wingi video sing disebar neng Yutub. “Ada Kristenisasi di Car Free day”. Dadi ngene iki koe iso mikir mblo, kenopo lan asbabe piye kok iso ngono (wuih, mikir barang ik.. hehehe).

Nek anggepku sih, masalah Natal kui kudu bijak jugak. nek kowe kok nduwe konco Ahlul Kitab, tur konco kui apik karo koe, yo angger diucapke wae, sebab Nabi Isa utowo Yesus kui kan yo ora Nabi ne wong Kresten thok tho? Wong Islam ngyakini toh mblo nek Nabi Isa kui utusane Gusti Allah. Justru, iki dino iso dadi kesempatan mu, koe iso tekon-tekon mbi kancamu kui, mbuh kui tentang konsep Natal iku piye nek menurut ndek-e, apakah podo mbi Maulid Nabi Saw. Opo koe tekon Yesus  ki jan-jane sopo nek menurut wonge, kok iso diarani Anak e Gusti Allah. Nah, songko kui koe iso dialog. Jejagongan sing rukun. Ora nganggo esmosi. Kui sing luweh penting.

Nah, nek kowe wes ngerti, justru iso ndadikke manteb leh kowe Iman karo Gusti Allah. Koe dadi ngerti konsep e wong Nasrani. Koe dadi paham. ora nggur anut-anutan. Imanmu wes masuk neng posisi Yakin, bahkan haqqul yakin opo ainul yaqin. ora gampang goyah..

Sebab, koe dadi ngerti Nabi Isa ki jan-jane sopo, piye posisine karo kanjeng Nabi Muhammad Saw sing wulan iki yo rep diperingati kelahirane juga, neng jenenge rodok ngarobi: “Maulidan/Muludan”. Seng jelas, poro Nabi-nabine Gusti Allah (Nabi Isa opo Nabi Muhammad, lan liya-liyane) ngajarake kasih sayang, kedamaian, lan ketentraman. Hidup rukun dan bahagia.

Mulo songko iku mblo, ayo do sinau meneh.. aku yo-an rep nggarap tugas, mengko meh presentasi.. selamat pagi mblo, semoga sakinah ada dihatimu.. :)

24-Des-2014. 6.20




Leave a Reply